B. Daerah Sekolah Menengah Pertama GARAPAN 2

4.3. UNGGAH UNGGUH BASA

Ukara - ukara ngoko ing ngisor iki owahana nganggo basa krama alus!

1. Budhe Wiwik nggawe nagasari buntele godhong gedhang.
Wangsulan : _______________

2. Wong wong saben esuk padha nganggo masker budhal menyang pasar. Wangsulan : ________________

3. Pak Puh tuku sepedha Jengki regane sayuta telung atus seket ewu repes. Wangsulan : ______________

4. Mengko kowe wae sing teka menyang omahku, supaya aku ora bingung. Wangsulan : _______________

5. Apa kowe pangkling karo aku, yen aku iki kanca cilikanmu.
Wangsulan : ________________

6 Bocah sekolah kudu manut dhawuhe bapak ibu guru lan sregep sinau. Wangsulan : ___________________

7. Mangsa rendheng ngene iki aja lali kudu nggawa payung lan mantel. Wangsulan : _________________

8. Saben menyang endi endi Agus mesthi pamit bapak ibune luwih dhisik. Wangsulan : _________________

9. Sadurunge budhal sekolah Ací mesthi ngrewangi penggawean pawon dhisik. Wangsulan: _______________

10. Bu Rina nduwe penyakit darah tinggi mulane ora wani mangan sate. Wangsulan : ________________​

GARAPAN 2

Ngowahi ukara dadi basa Krama alus.

1. Budhe Wiwik nggawe nagasari buntele godhong gedhang.

Wangsulan : budhe Wiwik ndamel nagasari bungkusipun godhong pisang.

2. Wong wong saben esuk padha nganggo masker budhal menyang pasar. Wangsulan : tiyang tiyang saben enjing sami ngagem masker bidhal dhateng peken.

3. Pak Puh tuku sepedha Jengki regane sayuta telung atus seket ewu repes. Wangsulan : pak puh mundhut sepedha jengki reginipun tigang atus seket ewu rupiyah.

4. Mengko kowe wae sing teka menyang omahku, supaya aku ora bingung. Wangsulan : mangke panjenengan kemawon ingkang rawuh dhateng griya Kula, supadhos Kula mboten bingung.

5. Apa kowe pangkling karo aku, yen aku iki kanca cilikanmu.

Wangsulan : punapa panjenengan pangkling kaliyan Kula, menawi Kula menika rencang alit panjenengan.

6 Bocah sekolah kudu manut dhawuhe bapak ibu guru lan sregep sinau. Wangsulan : lare sekolah kedah manut dhawuhipun bapak ibu guru kaliyan sregep sinau

7. Mangsa rendheng ngene iki aja lali kudu nggawa payung lan mantel.

Wangsulan : wancinipun rendheng ngeten menika sampun kesupen Kedah ngasta payung kaliyan mantel.

8. Saben menyang endi endi Agus mesthi pamit bapak ibune luwih dhisik. Wangsulan : saben dhateng pundi pundi Agus Kedah pamit bapak ibunipun langkung rumiyin.

9. Sadurunge budhal sekolah Ací mesthi ngrewangi penggawean pawon dhisik. Wangsulan: sakderengipun bidhal sekolah Aci Kedah ngrencangi pendamelanipun Pawon rumiyin.

10. Bu Rina nduwe penyakit darah tinggi mulane ora wani mangan sate. Wangsulan : Bu Rina kagungan gerah darah nginggil, milanipun mboten wantun dhahar sate.

__________________

Pembahasan

Basa Krama Alus punika inggih punika basa ingkang Tembung tembungipun ngginakaken basa Krama alus sedanten. Dadosipun basanipun langkung sae.

Pangagipun :

  • putra mring tiyang sepuh
  • wayah mring eyang utawi simbah
  • murid mring guru

Tukadhanipun :

  • bapak ngasta dhateng Jakarta
  • ibu mboten siyos kondur sakmenika amargi jawah
  • pakdhe Karwo tindak dhateng Surabaya enjing kalawau.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13
[answer.2.content]